Entri yang Diunggulkan

Mencetak Generasi Muda Anti Korupsi Melalui Pendidikan Moral di Taman Pendidikan Al-Quran (TPQ)

Mencetak Generasi Muda Anti Korupsi Melalui Pendidikan Moral di Taman Pendidikan Al-Quran (TPQ)           Indonesia merupakan negar...

Tuesday, February 17, 2015

Naskah Pidhato Basa Jawa




Naskah Pidhato

Basa Jawa




Pelepasan Siswa Siswi Kelas IX

Kaanggit dening :
Royan Adi Ikhsan IX F

SMP Negeri 1 Cluring
Jalan Jendral Basuki Rahmad No.56 Cluring,Banyuwangi
Tahun Pelajaran 2014/2015


Atur Pangiring


          Puji syukur dumateng Allah SWT, kagem sedaya nikmat lan rahmatipun. Kula ughi ngaturaken maturnuwun sanget dening Bu Ramini. Ingkang sampun maringi kula bimbingan. Saenggo kulo saget ngrampungaken naskah pidhato Basa Jawa ingkang gadah irah-irahan ”Pelepasan Siswa-Siswi Kelas IX”.
       Ngrumaosi manawi isi naskah punika taksih tebih saking sampurna, pramila pangimpun ngajeng-ngajeng saget kersa para pemaos paring sumbang surung pamanggih amrih ndadoske kasampurnanipun.
       Wasana, mugi-mugi naskah pidhato Basa Jawa punika saged gadhah manfaat, lan ugha saged dados bahan pembelajaran dening siswa-siswi SMP Negeri 1 Cluring.

Cluring, 25 Januari 2015
Panyerat




Assalamu'alaikum Warohmatullohi Wabarokatuh

Ingkang kinurmatan Kepala SMP Negeri 1 Cluring,
Ingkang kinurmatan  Bapak/Ibu Guru lan Karyawan - Karyawati SMP Negeri 1 Cluring
Lan Pak Misnan lan  Bu Ramini kang kulo bekteni kalian rencang-rencang kelas 9 kang kulo tesnani
Ing wedal sakmenika kulo bade ngaturken babagan “Pelepasan Siswa-Siswi Kelas 9” ing warsa 2015 menika.

Monggo kito sedaya ngaturaken puji syukur dhumateng Gusti ingkang maha Agung ingkang sampun maringaken sedoyo nikmat lan kewarasan dateng kito sedoyo dumugi sakmeniko kito sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan sak manika.
Kula, wakil saking rencang - rencang kelas 9 ngaturaken maturnuwun ingkang sak ageng-agengipun kagem Bapak / Ibu Guru ingkang sampun mbulawantah kulo lan sak konco-konco dateng pawiyatan menika ingkang dangunipun tigang warsa.
Mboten keraos kula lan rencang sebrayat sampun ngelampahi ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan mriki. Wonten ing adicara menika, kulo kiyambak tuhu rencang - rencang nyuwun agenging pangapunten sangking Bapak / Ibu guru amargi wonten ing tigang warso ngangsu kawruh wonten pawiyatan mriki kulo lan sak rencang mebo menawi gadhah kalepatan ingkang dipun sengojo lan mboten disengojo. Mugi - mugi Bapak / Ibu guru kerso ngapuntenaken sedoyo kelepatan kulo lan rencang - rencang.
Satuhunipun kulo lan sak konco awrat sanget badhe nilaraken pawiyatan menika amargi sedoyo ingkang wonten dateng mriko sampun kados sederek lan kaluargo. Namung amargi kulo lan rencang - rencang kedah nglanjutaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang luwih inggil, kulo lan rencang - rencang kedah saget dening ikhlas nilaraken pawiyatan menika. Kadosipun sampun cekap anggenipun kulo matur. Bilih menawi wonten kalepatan kulo nyuwun agenging pangapunten.
Waassalamualaikum Warohmatullohi Wabarokatuh



Panutup
       Puji syukur dumateng ngarsanipun Gusti Pangeran, amargi naskah pidhato punika sampun saged kula rampungaken lan sampun dipun waos kalian kanca-kanca. Mugi-mugi sedaya ingkang sampun maos saged tambah pengetahuanipun.
       Menawi wonten ukara ingkang gadhah kelituan datheng atinipun pamaos, kula nyuwun pangapunten ingkang sanget. Mboten luput kula ngaturaken datheng Bu Ramini, ingkang sampun nelitikaken naskah punika kanthi sae.
          Cakep sementen atur kula. Mbokbilih wonten kaluputan. Nuwun pangapunten ingkang katah.

No comments:

Post a Comment